0-9 | A | B | C | D | E | F | G | H | I | J | K | L | M | N | O | P | Q | R | S | T | U | V | W | X | Y | Z

Lirik Sugeng Riyadi Pendhoza

Saturday, April 22, 2023

Artist:


werno werno tingkah lakune menungso
neng dunyo iki ugo kebak prasongko
gawe becik durung tentu mesti ketitik
gawe olo jelas duso senajan
mung sitik

marang liyan wes mesti tau jothakan
salah paham sing gawe podo neng-nengan
gawe status nganti tekan sindir-sindiran
ati mangkel dadi sungkan
ngroso ra nyaman

mulo saiki mulo saiki
mumpung dino kang fitri dino kang fitri
sesarengan heii
podo salam-salaman

ngaturaken sugeng riyadi
sedoyo lepat nyuwun
pangapunten
mugo-mugo dosaku lan dosamu
di lebur ing dinten
rioyo niki

duren-duren, roti-roti
mbiyen-mbiyen, saiki-saiki
podo ngapurani supoyo ngreseke ati
ora ono dendam kabeh saling ngrumangsani

aku lan kowe saiki kosong kosong
yen suk gawe salah ingatkan tolong tolong
monggo ndang di dahar buk e gawe lontong
ojo nganti lali di siram kuah opor

mulo saiki
mumpung dino kang fitri
sesarengan podo salam-salaman

ngaturaken sugeng riyadi
sedoyo lepat nyuwun
pangapunten
mugo-mugo dosaku lan dosamu
di lebur ing dinten
rioyo niki

ngaturaken sugeng riyadi
sedoyo lepat nyuwun pangapunten
mugo-mugo dosaku lan dosamu
di lebur ing dinten rioyo niki

ya Robbi sholli 'alaihi wasallim
ya Robbi ballighul wasilah

muhammad
ya Robbi sholli 'alaihi
wasallim
muhammad
ya Robbi ballighul wasilah

0 comments:

Post a Comment