0-9 | A | B | C | D | E | F | G | H | I | J | K | L | M | N | O | P | Q | R | S | T | U | V | W | X | Y | Z

Lirik Bagong Macung Kajawi

Tuesday, January 27, 2026

Artist:


      
Iki sing dikarepne
Bagong lungguh kursi kene
Dadi wakil pemudane
Jare Bagong mbangun projo
Kari ngatur duit negoro
Iso katon kerjo nyoto
Bagonge munggah podium
Gowo amplop andum-andum

(Loop) 

Iki bukti, ra mung omong kosong
Wani ngrogoh kantong 
masio rodok bolong
Coblosen gambar Bagong
Ojo sampek podo ngeblong
Pingin biso ngemong, 
kudu pinter omong
Ngelus dalan jeglong, 
janjine Bagong

Rambut kelimis, lambene lamis
Klambine necis, gawean ibas-ibis
Macake koyo artis
Wedangan kudu gratis
Temu wong cilik,
gaya nangis-nangis
Opo maneh rondo, 
ayu kinyis-kinyis

Bagonge mendhem sepirtus
Ngalor ngidul apus-apus

(Halo, perkenalkan saya Bagong
Sarjana ekonomi dari 
partai Godhong Jati
Saya mau macung loo
Jadi dukung saya ya
Saya akan mensejahterakan semua
hahahaha)

Iki sing dikarepne
Bagong lungguh kursi kene
Dadi wakil pemudane
Jare Bagong mbangun projo
Kari ngatur duit negoro
Iso katon kerjo nyoto
Bagonge munggah podium
Gowo amplop andum-andum

(Loop) 

Wektu kampanye, 
kampanye kumpul relawan
Bagong sadar jaga penampilan
Bagong nganggo sepatu
lambe ngemut cerutu
Kudu tenanan ben meyakinkan
Sering ngutip ayat 
ben ora konangan

Mlaku neng dalan, 
dikawal preman
Neng pasar blusukan, 
pasang kode eseman
Kecik ditoto tenan
Baliho kono-kene, tebar pesonane

Bagong nganggo ketu kaji

Iki sing dikarepne
Bagong lungguh kursi kene
Dadi wakil pemudane
Jare Bagong mbangun projo
Kari ngatur duit negoro
Iso katon kerjo nyoto
Bagonge munggah podium
Gowo amplop andum-andum

Bagonge mendhem sepirtus
Ngalor ngidul apus-apus

    
  

0 comments:

Post a Comment