Artist: Kajawi
Kuwi wis kondang kaloka
Waroke saking Ponorogo
Tansah manunggaling roso
Warok iku sejatining manungso
Sing kawentar sakti mondroguno
Tumoto lelakuning jiwo
Tumuju roso sampurno
(Loop)
Lungguh anteng klambi
sarwo ireng
Mesti nganggo udeng,
ketingal kereng
Mripat mendeleng
ojo sampek digunem
Mergo yen nesu,
iso koyo macan nggereng
Warok iku memayu
hayuning bawono
Tetep merdiko,
kawit rikolo semono
Tansah manembah,
marang Sing Kuoso
Ngabekti jiwo rogo
tumrap nuso lan bongso
(Loop)
Ngolah rogo ugo ngolah moto batine
Kuat imane ugo toto patrape
Dadio manungso sing jejeg ono gunane
Poro murid digembleng ilmu kasekten
Supoyo uripe tansah dahat kinabekten
Laku durjono kudu biso leren
Ihtiar mesti nanging kudu tetep senden
Kuwi wis kondang kaloka
Waroke saking Ponorogo
Tansah manunggaling roso
Warok iku sejatining manungso
Sing kawentar sakti mondroguno
Tumoto lelakuning jiwo
Tumuju roso sampurno
(Loop)
Warok Ponorogo iku prasojo
Kawit Gunoseco tekan Suro Menggolo
Ojo podho sembrono,
yen simbah paring sabdo
Kuwi podho gatekno,
ojo dilalekno
Simbah warok iku guru sejati
Menehi kaweruh kanggo lakuning ati
Ilmune pesti ojo diblenjani
Iki putumu, ayo ngaji lan nyawiji
Kuwi wis kondang kaloka
Waroke saking Ponorogo
Tansah manunggaling roso
Warok iku sejatining manungso
Sing kawentar sakti mondroguno
Tumoto lelakuning jiwo
Tumuju roso sampurno
Kuwi wis kondang kaloka
Waroke saking Ponorogo
Tansah manunggaling roso
Warok iku sejatining manungso
Sing kawentar sakti mondroguno
Tumoto lelakuning jiwo
Tumuju roso sampurno

0 comments:
Post a Comment